Search

java education

SAKLEBATING NETRO     
    Ojo'o mung biso rumongso nanging biso'o rumongso..Iku yen ditulis genah, katone pancen yo mung diwolak-walik wae, nanging surasane jebul kaya bumi karo langit...ajining diri mung gumantung ing wedhaling lathi lan budi...Ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe, melik nggendhong lali, ngundhuh wohing pakarti..
     Urip iki mung saklebate netro..mulo iku dadio manungsa kang tansah nuduhake watak kang kebak welas asih nanging wicaksana ing saben laku lan rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan.
Aja malah nuduhake watak ngedir-edirake, wengis satindak laku polahe. Yen nggayuh pepinginan ora maelu laku dudu. Samubarang pakarti nistha ditrajang wani....Wong iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip..Aja panasten lan aja seneng gawe gendra, jalaran gawe gendra iku dudu sipating manungso.. Aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacad. eling marang sing kuwasa...becik ketitik..ala kethara..
    Wong iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul karo mitra kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang pedhes, sepet,bisa gawe senenging ati. Yen kumpul pandhita kudu bisa ngomongake tembung kang becik. Yen ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonake kuwasa pangaribawa kaluwihane..semono ugo yen sira dadi wadyabala pamonging nagara, aja sira dhemen kuwasa dhewe. Jalaran yen sira wis ora kasinungan panguwasa maneh, ing tembe bakal ndadekake ora kajening awakira ing tengahing BEBRAYAN. Ngelingana yen sejatine isih ana wong kang bisa ngalahake sira ing babakan apa bae.Aja mung kepingin menange dhewe kang bisa marekake crahing nagara lan bangsa, kudu seneng rerembugan njaga katentreman lahir batin..
    Sapa sing seneng urip tetanggan, kalebu janma linuwih. Tangga iku perlu dicedaki nanging aja ditresnani.Tangga kang ora becik atine aja dicedhaki nanging aja dimungsuhi."Sadumuk bathuk sanyari bumi ditoh pati.
    "Mikul dhuwur mendhem jero."..Anak iku minangka terusane wong tuwa, ora ana katresnan kang ngluwihi katresnane wong tuwa marang anak.Aja gampang nyepatani anak nganggo tembung kang ora prayoga, jalaran sepatane wong tuwa bisa numusi sarta bisa ngilangake rasa bektine anak marang wong tuwane. semono ugo Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
    Golek bandha iku samadya bae, udinen katentreman njaba njero.Bandha iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang becik, gawe cilaka lamun saka barang kang ala.Aja seneng marang wong kang nguja hawa napsu marga akeh bandhane. Jalaran bandha mau bisa gawe cilaka amarga durung mesthi bandha kang resik.Ing samubarang gawe aja sok wani mesthekake, awit akeh lelakon kang akeh banget sambekalane sing ora bisa dinuga tumibane. Jer kaya unine pepenget, “Menawa manungsa iku pancen wajib ihtiyar, nanging pepesthene dumunung ing astane Pangeran Kang Maha Wikan”. Mula ora samesthine yen manungsa iku nyumurupi bab-bab sing durung kelakon. Saupama nyumurupa, prayoga aja diblakakake wong liya, awit temahane mung bakal murihake bilahi.
      Digendhongana dikuncenana kayangapa, nanging wong iku yen wis tinakdir tekan janjine utawa ajale, mangsa bakal wurunga. Iki maneh peling kita, yen kita manungsa mono ing atase badan lan umure dhewe ora kuwasa. Apa maneh sing mung wujud barang sampiran kayadene drajad semat lan pangkat, kaluhuran, kasugihan, lan kalungguhan. Mula saka iku aja kibir, jubriya lan aja sok dumeh. Awit isih ana panguwasa liya (Gusti Allah) kang luwih kuwasa.Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan : “Sabar iku kuncining swarga”, ateges marganing kamulyan. Sabar, lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan pandadaraning ngaurip, nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep. Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki.