Search

ARANE ANAK/ SEBUTANE BOCAH

Ontang-anting_anak siji lanang
Uger-uger lawang_anak loro lanang kabeh
Cukit dulit_anak telu lanang kabeh
Saramba_anak papat lanang kabeh
Pandhawa_anak lima lanang kabeh
Unting-unting_anak siji wadon
Kembang sepasang_anak loro wadon kabeh
Gotong mayit_anak telu wadon kabeh
Sarimpi_anak papat wadon kabeh
Pancagati_anak lima wadon kabeh
Kendhana-kendhini_anak loro lanang wadon
Kendihini-kendhana_anak loro wadon lanang
Sendang kapit pancuran_anak telu lanang-wadon-lanang
Pancuran kapit sendang_anak telu wadon-lanang-wadon
Keblat papat_anak papat lanang wadon
Sapasar_anak lima lanang wadon
Ipil-ipil(pipilan)_anak lima lanang siji
Padangan_anak lima wadon siji
Pandhawa nyandhangi_anak enem wadon siji waruju
Kembar_anak loro lanang kabeh utawa wadon kabeh laire bareng
Dhampit_anak loro lanang lan wadon laire bareng
Gilir kacang_anak akeh giliran lanang wadon
Lumpat kidang_anak akeh ora giliran lanang wadon
Grandhel_anak lanang piraang-pirang kang waruju wadon
Gendhong_anak lanang pirang-pirang kang tengah wadon
Pathok_anak wadon pirang-pirang kang tengah lanang
Sumarak_anak pirang-pirang sing lanang luwih akeh
Anggana_anak akeh sing urip keri siji
Cemani_bocah ireng mulus
Wungle/bule_bocah putih mulus
Gondhang kasih_anak loro seje pakulitane,siji putih siji ireng
Julung kembang_bocah lair bareng pletheking srengenge
Julung sungsang_bocah lair wektu bedhug awan
Julung sarab_bocah lair ngarepake surup srengenge
Julung caplok_bocah lair barengi surupe srengenge
Margana_bocah lair pinuju ibune ing lelungan
Wuyungan_bocah lair pinuju ana perang (gegeran)
Wahana_bocah lair pinuju ibune ana ing pasamuwan
Jempina_bocah lair durung wektune
Yatim_bocah kang lair ora menangi bapake
Lola_bocah sing wis ora duwe bapa lan biyung
Lola bapa/biyung_bocah sing ora duwe bapa (biyung) marga mati
Konduran_bocah lair nanging ibune seda (mati)
Sumala_bocah cacat wiwit lair
Thok-thing_bocah lair sirahe cilik
Pambarep_anak sing nomer siji
Panggulu_anak sing nomer loro
Pandhadha_anak sing nomer telu
Sumendhi_kakang wuragil
Wuragil,waruju_anak sing keri dewe

No comments: