Search

Tembung Entar


A
Ø Abang Kupinge _nesu
Ø Abang-abang lambe _mung kanggo lelamisan,ora temenan
Ø Adol bagus(ayu)_ngatonake baguse/ayune
Ø Adol gawe_ngatonake penggaweane
Ø Adol kringet _ nyambut gawe
Ø Adol kawanen_nduduhake kawanen’ne
Ø Adol prungon_golek-golek kabar
Ø Adol sendhe_adol barang menyang gaden
Ø Adol sengung(umuk)_akeh omonge kang ora nyata
Ø Adol eluh_banget anggone nangis
Ø Adus kringet_rekasa banget nyambut gawene
Ø Ala kandhutane_ala watake
Ø Alus tembunge_tembunge kapenak dirungokne
Ø Amba jangkahe_akeh iktiyare
Ø Asor budine_bebudine ora apik
Ø Ati dhondhong_atine ala
Ø Ati kethul_ora bisa mikir
Ø Atine pingget_atine lara/serik
 
B
Ø mBalang kirik_ nglirik
Ø Bening atine_sumeh
Ø mBukak wadi_ngandhakake wadhi
Ø mBuwang tilas_nutupi tumindake ala
Ø Bau tengen_wong kang bisa diendelake
 
C
Ø Cagak elek_sing dianggo sarana betah melek
Ø Cangkem gatel_seneng ngrasani
Ø Cedhak umure_gelis mati
Ø Cepak rejekine_gampang golek pangan
Ø Cilik atine_gampang nesu
Ø Cupet atine_ora bisa nggayuh prakara kang utama
Ø Cupet nalare_ora bisa mikir warna-warna
Ø Cupet pengandel_ora pracaya
 
D
Ø Dawa tangane_seneng njejupuk barange liyan
Ø Dawa ususe_sabar banget
Ø nDedher kautaman_golek kautaman
Ø Dhuwur atine_gumedhe
Ø Dhuwur pangkate_dadi wong pangkat (sugih)
 
E
Ø Empuk rembuge_rembuge kapenak dirungake
Ø Entek atine_kuwatir banget
Ø Entheng tangan_seneng tandang gawe/seneng milara
 
G
Ø Nggadho ati_gawe susahe ati
Ø Gantung kepuh_nyandhang ora tahu ganti
Ø Gantung untu_selak kepingin mangan
Ø Gedhe atine_ora kuwatiran,tatag,kendhel
Ø Gedhe endhase_sombong
Ø Gedhe tekade_ora gelem mundur
Ø nGgedhekake puluk_ora ono prihatine,nengenake mangan
Ø nGgegem tangan_emoh tumandang gawe,kesed
Ø Gilig rembuge_tansah disarujuki,dicocoki
Ø nGgilud kawruh_ngudi kawruh kanthi mempeng
Ø Golek ayu_ngudi supoyo urip slamet
 
I
Ø Idu geni_omonge tansah kelakon
Ø Ilang klilipe_ilang mungsuhe
 
J
Ø Jembar dhadhane_sabar banget,sugih pangapuro
Ø Jembar kawruhe_akeh ilmune
Ø Jembar kubure_mlebu swarga
Ø Jembar polatane_pinter
Ø Jembar segarane_gampang pangapura
 
K
Ø Kakehan tangan_kakehan sing tandhang gawe
Ø Kaku atine_tansah ora sarujuk
Ø Kandhel kupinge_ora nggugu pitutur
Ø Kasar tembunge_tembunge sarwa saru
Ø Katon dhadhane_wani adu arep
Ø Kegugah atine_eling,sadar
Ø Kelepetan_katut ala
Ø Kembang lambe_tansah diucapake
Ø Kembang pati_lantarane pati
Ø Kena tinenga-tenga_kena disambati
Ø Kenceng karepe_kekarepe ora bias owah
Ø Kulak warta_golek warta
 
L
Ø Lambe ati_watak
Ø Landhep pikire_pinter banget,gampang mengerti
Ø Lara ati_serik
Ø Lara ayu_cacaren
Ø Lara owah_gendheng,edan
Ø Lobok atine_sabar
Ø Lumah tangan_ora gelem cawe-cawe
Ø Lunyu ilate_gunemane mlenca-mlence
Ø Lurus atine_jujur
 
M
Ø Manis eseme_eseme ngresepake ati
Ø Mara tangan_seneng milara
Ø Mata dhuwiten_tamak marang duwit,petungan banget
Ø Mata loro_kabeh prakara diantepi
Ø Mateni pangane_gawe ilang panguripane
Ø Mateng rembuge_rembuge wis dimupakati
Ø Mateng kawruhe_kawruhe wis tutug
Ø Mati ilate_wis ora duwe rasa
Ø Mati raga_tapa,prihatin,tirakat
Ø Medhot dalan_ora diterusake
Ø Meres pikir_mempeng ngetog pikiran
Ø Metani lupute_nggoleki lupute
Ø Mogel ilate_mangan sing sarwa enak
Ø Mogol sinaune_mandheg anggone sinau
Ø Murang tata_ora nganggo tata
 
N
Ø Nandur kabecikan_gawe kabecikan
Ø Ngabangake kuping_gawe nesu,muring
Ø Ngadu wuleding kulit_ngadu kakuwatan
Ø Ngangsu kawruh_golek kawruh
Ø Ngatonake siunge_nduduhake kewanenane
Ø Ngatonake dhadhane_umuk
Ø Ngekep dhengkul_nganggur
Ø Ngendhaleni hawa napsu_nyegah kekarepan ala
Ø Ngenaki ati_gawe senenge ati
Ø Ngepuh kringet_tandang gawe mempeng banget
Ø Ngetog karosan_nyrempeng banget
Ø Ngemut driji_ora oleh apa-apa
Ø Ngobong atine_ngetokake nepsune
Ø Nyolok mata_njarag sing ora patut
 
O
Ø Oleh ati_tanpa katresnan,disenengi
Ø Ora ndhalan_ora ngerti tatakrama
Ø Ora duwe ati_kuwatir banget
Ø Ora merem_mengerti
 
P
Ø Padhang hawa_lair ing donya
Ø Padhang jagade_katon tentrem
Ø Padhang langite_katon seneng
Ø Padhang pikire_seneng
Ø Padhang ulate_sumeh
Ø Pait getir_warna-warna kasusahan,karibedan
Ø Pait lelakone_ora kepenak lelakone
Ø Panas atine_nesu
Ø Papan kekiwa_panggonan kang ora adhakan
Ø Pecah pamore_wis wiwit dewasa
Ø Pedhes tembunge_tembunge gawe serik
Ø Perih atine_sedih
Ø Peteng atine_susah
Ø Pingget atine_serik
Ø Pulih getih_puk,ora kalah ora menang
Ø Puput yuswa_seda,mati
 
R
Ø (ng)rabekake sikut_senggolan sikut
Ø Rai gedheg_ora duwe isin
Ø (ng)rengga praja_njaga awak
Ø Runtuh atine_duwe welasan
Ø Rupak atine(segarane)_ora gampang ngapura
Ø Rupak Jagate_judheg,ketekan pasaban
 
S
Ø Sabuk galeng_sugih sawah
Ø Sepi kawruh_ora duwe ilmu
Ø Seret rejekine_ora gangsar golek rejeki
Ø Sesek dhadhane_anyel
Ø Sumpeg atine_susah
 
T
Ø Tanpa tilas_ora ana oleh
Ø Tatu atine_serik
Ø (ke)tengen_sing dikasihi
Ø Tipis lambene_seneng nggunem wong,criwis
Ø Thukul turunane_duwe turunan
 
U
Ø Udan tangis_akeh sing padha nangis
Ø Utang pati_gawe patine liyan
 
W
Ø Walang ati_kuwatir,sumelang
Ø Wedi getih_jirih,wedhen
Weteng kadut_ora tampikan,sak piro-piro wae gelem

No comments: