Search

Flower FruitStar1

Attributes-4912x3264 DPI-350x350 24bit Make-SonySLT-A37v1.02 140sec Aperture Priority 0EV Max Aperture-F5.6 ISO 400 Focal Lenght-55mm 35mmEquivalent-82mm Multi Segment

Butterfly and Flower FruitStar

Attributes-4912x3264 DPI-350x350 24bit Make-SonySLT-A37v1.02 140sec Aperture Priority 0EV Max Aperture-F5.6 ISO 400 Focal Lenght-55mm 35mmEquivalent-82mm Multi Segment

Butterfly and Flower FruitStar

Attributes-4912x3264 DPI-350x350 24bit Make-SonySLT-A37v1.02 140sec Aperture Priority 0EV Max Aperture-F5.6 ISO 400 Focal Lenght-55mm 35mmEquivalent-82mm Multi Segment

Flower FruitStar

Attributes-4912x3264 DPI-350x350 24bit Make-SonySLT-A37v1.02 140sec Aperture Priority 0EV Max Aperture-F5.6 ISO 400 Focal Lenght-55mm 35mmEquivalent-82mm Multi Segment

Butterfly and Flower FruitStar

Attributes-4912x3264 DPI-350x350 24bit Make-SonySLT-A37v1.02 140sec Aperture Priority 0EV Max Aperture-F5.6 ISO 400 Focal Lenght-55mm 35mmEquivalent-82mm Multi Segment.

Tembung Ngoko_Krama_Krama Inggil

Ngoko____Krama___Krama Inggil

A
Adhi_adhi_rayi
Adoh_tebih_tebih
Adus_adus_siram
Ajang_ajang_ambeng
Akon_aken_ngersakaken,dhawuh
Aku_kula_adalem,dalem
Ali-ali_sesupe_sesupe
Ambung_ambung_aras
Amit_amit_kula nuwin
Anak_anak_putra
Anak-anak_anak-anak_peputra
anggon_angge_agem
Aran_nama_asma
Arep_ajeng,badhe_kersa
Pembarep_pembajeng_pembajeng
Asu_segawon_segawon
Ati_manah_penggalih
Ayo,enya_mangga_sumangga

B
Balung_balung_tosan
Bantal_kajang sirah_kajang sirah
Banyu_toya_toya
Bapak_bapak_rama
Batur_rencang_abdi
Bebed_bebed_nyamping
Bebek_bebek_kambangan
Bener_leres_leres
Beras_wos_wos
Bojo_bojo_garwa
Boreh_boreh_konyoh
mBuri_wingking_wingking
Buwang_bucal_kendhang

C
Celathu_wicanten_Ngandika
Carita_criyos_criyos
Cawis_cawis_caos
Cekel_cepeng_asta
Celeng_andhapan_andhapan
Cewok_cewok_cawik
Cucul_cucul_lukar
Cukur_cukur_paras
Cundhuk_cundhuk_sangsangan

D
Dadi_dados_dados
Dalan_margi_margi
Dandan_dandos_busana
nDeleng_ningali_mirsani
Dhewe_piyambak_piyambak
Dheweke_piyambakipun_panjenganipun
Dhuwit_arta,yatra_arta,yatra
Dodot_dodot_kampuh
Doyan_doyan_kepareng
Dolan_dolan_ameng-ameng
Dulang/ndulang_ndulang_ndhahari
Duwe_gadhah_kagungan

E
Embah_embah_eyang
Embok_embok_ibu
Embuh_kirangan_nyuwun duka
Endem,mendem_mendem_wuru
Enten,dienteni_dipun entosi_dipun entosi
Entut_entut_sarib
Enyang,dienyang_dipun awis_dipun awis
Epek/diepek_dipun pendhet_dipun pundut
Esuk_enjing_enjing

G
Gajah_liman_liman
Gowo,nggowo_betha_ngasta
Gedhe_ageng_ageng
Gelang_gelang_binggel
Gelem_purun_kersa
Gelung_gelung_ukel
Geni_lathu_lathu
Getih_rah_rah
Golek_padhos_padhos
Gugah_gugah_wungu
Gula_gendhis_gendhis
Gunem,guneman_gineman_ngadhika
Guyu_gujeng_gujeng

I
Idu_idu_kecoh
Iket_iket_dhestar
Imbuh_imbuh_tanduk
Inep,nginep_nyipeng_nyare
Iring,ngiringake_ngiringake_ndherekake
Ising_lingsem_lingsem
Iwak_ulam_ulam
Iya_inggih_nuwun inggih

J
Jago_sawung_sawung
Jaluk,njaluk_nedhi,nedha_nyuwun,mundhut
Jamu_jampi_loloh
Jaran_kapal_titihan
Jarik_sinjang_nyamping
Jenat_jenat_swargi
Jisim_jisim_layon
nJoget_njoget_mbeksa
Jungkat_serat_pethat
Jupuk_pendhet_pundhut

K
Kacamata_kacatingal_kacatingal
Kaget_kaget_kejot
Kakang_kakang_raka
Kalung_kalung_sansangan
Kancing gelung_kancing gelung_kancing ukel
Kanggo_kangge_kagem
Kandha_cariyos_ngadhika,dhawuh
Kathok_kathok_lancingan
Katur_katur_konjuk
Kebo_mahesa_mahesa
Kelud_kelud_samparan
Kemben_kemben_kasemekan
Kembang_sekar_sekar
Kemu_kemu_kembeng,gurah
Kemul_kemul_singeb
Keris_duwung_wangkingan
Kijing_kijing_sekaran
Kira,ngira_kinten,nginten_galih,menggalih
Klambi_rasukan_ageman
Kongkon_kengken_utus,ndhawuh
Kowe_sampeyan_panjenengan
Kramas_kramas_jamas
Kringet_kringet_riwe
Krungu_kepireng_midhanget
Kubur,dikubur_dipetak_disarekaken
Kuburan_kuburan_pasarean
Kuluk_kuluk_makhuta,panggul

L
Lagi_saweg_saweg
Lair_lair_mios
Lali_supe_supe
Lanang_jaler_kakung
Loro_sakit_gerah
Larang_awis_awis
Lek-lekan_lek-lekan_wungon
Lemu_lema_lema
Lengo_lisah_lisah
Liwat_langkung_langkung
Luh_Luh_waspa
Lunga_keasah_tindhak,jengkar
Lelungan_kekesahan_pepara
Lunguh.linggih_lenggah_pinarak

M
Moco_maos_maos
Macan_sima_sima
Mambu_mambet_nganda
Manak_manak_mbabar
Mangan_nedha_dahar
Mangkat_bidhal_tindhak,jengkar
Marang_dateng_dateng
Mari_mantun_mantun
Mati_pejah_sedha,surud
Mayit_mayit_layon
Melek_wungu_wungu
Melu_tumut_ndherek
Mendhem_mendhem_wuru
Menehi_nyukani_nyaosi,maringi
Menjangan_sangsam_sangsam
Menyang_dateng_tindhak
Meteng_wawarat_mbobot
Metu_medhal_miyos
Mikir_manah_menggalih
Minggat_minggat_lolos
Mlaku_mlampah_tindhak
Mudhun_mandhap_tedhak
Mulang_mucal_mucal
Mulih_mantuk_kondhur
Muntah_nuntak_luntak

N
Ngadheg_ngadheg_jumeneng
Nangis_mular_muwun
Nesu,srengen_nesu,srengen_duka
Nom_nem_timur
Nunggang_numpak_nitih
Nganggo_ngangge_ngagem
Ngarep_ngajeng_ngarsa
Ngelu_ngelu_puyeng
Ngenger_ngenger_ngabdi
Ngicipi_ngicipi_ngedhapi
NGimpi_supena_supena,nyupena
Nginep_nyipeng_nyare
Ngising_bebucal_bobotan
Ngombe_ngombe,nginum_ngunjuk
Ngongkon_ngengken_ngutus
Ngguyu_toyan_turas
Nyambut gawe_nyambut damel_ngasto damel
NYekel_nyepeng_ngasto
Nyilih_nyambut_ngampil
nyrengeni_nyrengeni_ndukani

O
Oleh_angsal_kepareng
Omah_griya_dalem
Omah-omah_emah-emah_krama
Omah-omah_gegriya_dedalem
Ombe_ombe_unjuk
Ompong_ompong_dhaut

P
Paidon_paidon_pakecohan
Pakon_paken_dhawuh
Panas_benter_benter
Pangilon_pangilon_paningalan
Pakuwon_patileman_pasarean
Payung_payung_songsong
Pedhang_pedhang_sabet
Petan_petan_ulik
Pikir_pamanah_penggalih
Pindhah_pindhah_jengkar
Piring,ajang_piring_ambengan
Pitik_ayam_ayam
Prau_baita_kapal
Pupak_pupak_dhaut
Pupur_pupur_tasik
Putu_putu_wayah

R
Rabi_rabi,emah-emah_krama
Rasa_raos_raos
Rata_radin_radin
Raup_raup_suryan
Rekasa_rekaos_rekaos
Riyak_riyak_jlagra
Rupa_warni_warna

S
Sabuk_sabuk_paningset
Sadulur_sadherek_sedherek
Sapi_lembu_lembu
Sapih_sapih_pegeng
Sapu_sapu_samparan
Sega_sekul_sekul
Selir_selir_ampil,ampeyan
Sendhok_sendhok_lantaran
Sisi_sisi_semprit
Slamet_wilujeng_sugeng
Suwe_dangu_dangu
Swara_swanten_swanten

T
Takon_taken_dangu,nyuwun pirsa
Tandha tangan_tandha tangan_tapak asta
Tandhur_tanem_tanem
Tangi_tangi_wungu
Tapihan_tapihan_nyamping
Teka_teko_rawuh
Teken_teken_lantaran,rotan
Tetak,sunat_tetak,sunat_supit
Tiba_dhawah_dhawah
Tilik_tuwi_tuwi
Tuku_tumbas_mundhut
Tuma_tuma_itik
Tunggang_tumpak_titih
Turah_tirah_tirah
Turu_tilem_sare
Turun_turun_tedhak

U
Udan_jawah_jawah
Udheng_iket_iket
Ukiran_jejeran_jejeran
Ulem-ulem_ulem-ulem_atur-atur
Ulem,ngulemi_ngulemi_ngaturi
Umbel_umbel_gading
Umur_umur_yuswa
Undang,ngundang_ngundang_nimbali,ngaturi
Urip_gesang_sugeng
Utang_nyambut_ngampil
Uyah_sarem_sarem
Uyuh_toya_turas

W
Wadon_estri_putri
Wahing_wahing_sigra
Waras_saras_senggang
Watuk_watuk_cekoh
Wayah_wanci_wanci
Wayang_ringgit_ringgit
Wedhus_mendha_mendha
Weruh_sumerep_pirsa,uninga
Weweh,menehi_nyukani_maringi
Wisuh_wisuh_wijig
Wong_tiyang_priyantun
Wuda_wuda_lukar
Wudun_wudun_untar


Krama Inggil/ Perangane Awak

Ngoko________________Krama___________Krama Inggil

Alis_alis_imba
Ati_manah_penggalih
Awak_badan_slira
Bangkekan_bangkekan_pamekak,madya
Bathuk_bathuk_palarapan
Bokong_bokong_pocong
Brengos_brengos_gumbala,rawis
Cengel_cengel_griwa
Dhadha_dhadha_jaja
Dhengkul_dhengkul_jengku
Dlamakan_dlamakan_samparan
Driji_driji_racikan
Embun-embunan_embun-embunan_pasundhulan
Endhas_sirah_mustaka
Epek-epek_epek-epek_tapak asta
Geger_geger_pengkeran
Gelung_gelung_ukel
Githok_githoK_griwa
Gulu_gulu_jangga
Gusi_gusi_wingkisan
Idep_idep_ibing
Ilat_ilat_lidhah
Irung_irung_grana
Janggut_janggut_kethekan
Jenggot_jenggot_gumbala
Kempol_kempol_wengkelan
Kuku_kuku_kenaka
Kuping_kuping_talingan
Lambe_lambe_lathi
Moto-mripat_paningal,soca
Pawadonan_pawastern_badhong
Pipi_pipi_pangarasan
Planangan_pajaleran_kalam
Pundhak_pundhak_pamidhangan
Pupu_pupu_wetis
Rai_rai_pasuryan
Sikil_suku_ampeyan
Susu_susu_prembayun
Tangan_tangan_asta
Tlapukan_tlapukan_pakejepan
Untu_untu_waja
Unyeng-unyeng_unyeng-unyeng_panengeran
Weteng_weteng_madharan
Wudhel_puser_tuntunan

ARANE ANAK/ SEBUTANE BOCAH

Ontang-anting_anak siji lanang
Uger-uger lawang_anak loro lanang kabeh
Cukit dulit_anak telu lanang kabeh
Saramba_anak papat lanang kabeh
Pandhawa_anak lima lanang kabeh
Unting-unting_anak siji wadon
Kembang sepasang_anak loro wadon kabeh
Gotong mayit_anak telu wadon kabeh
Sarimpi_anak papat wadon kabeh
Pancagati_anak lima wadon kabeh
Kendhana-kendhini_anak loro lanang wadon
Kendihini-kendhana_anak loro wadon lanang
Sendang kapit pancuran_anak telu lanang-wadon-lanang
Pancuran kapit sendang_anak telu wadon-lanang-wadon
Keblat papat_anak papat lanang wadon
Sapasar_anak lima lanang wadon
Ipil-ipil(pipilan)_anak lima lanang siji
Padangan_anak lima wadon siji
Pandhawa nyandhangi_anak enem wadon siji waruju
Kembar_anak loro lanang kabeh utawa wadon kabeh laire bareng
Dhampit_anak loro lanang lan wadon laire bareng
Gilir kacang_anak akeh giliran lanang wadon
Lumpat kidang_anak akeh ora giliran lanang wadon
Grandhel_anak lanang piraang-pirang kang waruju wadon
Gendhong_anak lanang pirang-pirang kang tengah wadon
Pathok_anak wadon pirang-pirang kang tengah lanang
Sumarak_anak pirang-pirang sing lanang luwih akeh
Anggana_anak akeh sing urip keri siji
Cemani_bocah ireng mulus
Wungle/bule_bocah putih mulus
Gondhang kasih_anak loro seje pakulitane,siji putih siji ireng
Julung kembang_bocah lair bareng pletheking srengenge
Julung sungsang_bocah lair wektu bedhug awan
Julung sarab_bocah lair ngarepake surup srengenge
Julung caplok_bocah lair barengi surupe srengenge
Margana_bocah lair pinuju ibune ing lelungan
Wuyungan_bocah lair pinuju ana perang (gegeran)
Wahana_bocah lair pinuju ibune ana ing pasamuwan
Jempina_bocah lair durung wektune
Yatim_bocah kang lair ora menangi bapake
Lola_bocah sing wis ora duwe bapa lan biyung
Lola bapa/biyung_bocah sing ora duwe bapa (biyung) marga mati
Konduran_bocah lair nanging ibune seda (mati)
Sumala_bocah cacat wiwit lair
Thok-thing_bocah lair sirahe cilik
Pambarep_anak sing nomer siji
Panggulu_anak sing nomer loro
Pandhadha_anak sing nomer telu
Sumendhi_kakang wuragil
Wuragil,waruju_anak sing keri dewe

Jenenge Isi, Woh, Wit, Pentil lan Godhong

Isi asem_klungsu
Isi cipir_botor
Isi duren_pongge
Isi jambe_jebug
Isi kapas_wuku
Isi kates_trempos
Isi kluwak_pucung
Isi kluwih_bethem
Isi mlinjo_klathak
Isi nangka_beton
Isi pelem_pelok
Isi randhu_klentheng
Isi salak_krnthos
Isi sawo_kecik
Isi semangka_kwaci

Woh aren_kolang kaling
Woh bengkoang_besusu
Woh cengkeh_polong
Woh gebang_klandhing
Woh gembili_katak
Woh jambi_jebug
Woh jati_janggleng
Woh kanthil_gandhek
Woh kelor_klenthang
Woh kesambi_kecacil
Woh pucung_kluwak
Woh so_mlinjo
Woh tal_siwalan
Woh uwi_katak

Wit aren_ruyung
Wit gedhang_debog
Wit jagung_tebon
Wit jambi_pucang
Wit jati enom_jangglengan
Wit kacang_rendeng
Wit kapuk_randhu
Wit kolang kaling_aren
Wit krambil_glugu
Wit mlinjo_so
Wit pari_damen
Wit Pohung_bonggol
Wit pring enom_bung
Wit pring tuwo_bungkilan
Wit siwalan_tal

Pentil asem_cempaluk
Pentil jagung_jantenan
Pentil jambi_bleber
Pentil jambu_karuk
Pentil kacang_besengut
Pentil krambil_blubuk,cengkir,degan
Pentil manggis_blibar
Pentil nangka_tewel,gori
Pentil pelem_pencit
Pentil randhu_plencing
Pentil semangka_plonco
Pentil so_kroto
Pentil timun_serit

Godhong aren_dliring
Godhong asem_sinom
Godhong cocor bebek_tibo urip
Godhong dhadhap_tawa
Godhong gedhang_ujungan
Godhong gedhang garing_klaras
Godhong gebang/palem_kajang
Godhong jambi_procot,dedel
Godhong jarak_bledhek
Godhong jarak kebo_lomah lameh
Godhong jati_jompong
Godhong kacang brul_rendheng
Godhong kacang lanjaran_lembayung
Godhong kates_gampleng
Godhong kecipir_cethethet
Godhong kelor_limaran,sewu
Godhong kemladhihan_kumuda
Godhong kluwih_kleyang
Godhong krambil_blarak
Godhong krambil enom_janur
Godhong lempuyang_lirih
Godhong lombok_sabrang
Godhong mlinjo_ so
Godhong pari_damen
Godhong pring_elar manyuro
Godhong randhu_baladewa,smara kandhi
Godhong siwalan_lontar
Godhong tales/kimpul_lumbu
Godhong tebu garing_rapak
Godhong telo_jlegor
Godhong turi_pethuk
Godhong waluh_lomah lameh
Godhong widara putih_trawas
Godhong wuni_mojar

Jenenge Anak Kewan

Anak asu_kirik
Anak pitik/ayam_kuthuk
Anak babi_gembluk
Anak bandheng_nener
Anak banyak_blengur
Anak bantheng_wareng
Anak boyo_krete
Anak bebek_meri
Anak brati_tongki
Anak bulus_ketul
Anak cacing_lur
Anak cecak_sawiyah
Anak celeng_genjik,jagar
Anak dara_piyek
Anak emprit_indhil
Anak gajah_bledug
Anak gagak_engkah
Anak gansir_tlondho
Anak iwak_beyongan,kocolan
Anak jangkrik_gendholo
Anak jaran_belo
Anak kadhal_tobil
Anak kancil_kenthi
Anak kebo_gudel
Anak kemangga_criwi
Anak kendela,kinjeng_senggrutu
Anak ketek_kenyung,munyuk
Anak kidang_kompreng
Anak kodok_precil,cebong
Anak kutuk_kotesan
Anak kucing_cemeng
Anak laler_set
Anak lowo_kampret
Anak lele_jabresan,lendhi
Anak lemut_uget-uget
Anak lintah_pacet
Anak lutung_kowe
Anak macan_gogor
Anak manuk_piyik
Anak merak_uncung
Anak menjangan_kompreng
Anak menthok_emdhel,minthi
Anak ngangkrang_kroto
Anak sapi_pedet
Anak singa_dibal
Anak tawon_gana
Anak tikus_cindil
Anak tumo_kor
Anak ulo_kisi
Anak urang_grago
Anak warak_plencing
Anak wedhus_cempe
Anak welut_udhet
Anak yuyu_beyes

Jenenge Kembang

Kembang aren_dangu
Kembang blimbing_maya
Kembang blutru_mantra
Kembang cengkeh_polong
Kembang cubung_torong
Kembang dhadhap_celung
Kembang duren_dlongop
Kembang ganyong_puspanidra
Kembang garut_gremeng
Kembang gedang_tuntut,ontong
Kembang gembili_seneng
Kembang gori_angkup
Kembang jagung_sinuwun,jeprak
Kembang jambi_mayang
Kembang Jambu_karuk
Kembang jarak_juwes
Kembang jati_janggleng
Kembang jengkol_kecuwis
Kembang kacang_besengut,bundhel
Kembang kanthil_gaging
Kembang kapas_kadhi
Kembang koro_kepek
Kembang kecipir_cethethet
Kembang kelor_limaran
Kembang kemladhingan_njedhidhik
Kembang kencur_sedhet
Kembang kimpul_pancal
Kembang kluwih_onthel
Kembang kopi_blanggreng
Kembang krambil_manggar
Kembang krokot_naknik
Kembang lamtoro_njedhidhik
Kembang lombok_menik
Kembang mlinjo_uceng,kroto
Kembang nangka_babal
Kembang nipah_dongong
Kembang pandan_pudak
Kembang pace_nyreweteh
Kembang pete_pendul
Kembang pohong_ingklik
Kembang pring_krosak
Kembang randu_karuk
Kembang salak_ketheker
Kembang so_uceng
Kembang suruh_drenges
Kembang tales_pancal
Kembang tebu_gleges
Kembang telo_ingklik
Kembang timun_motro
Kembang widara putih_rejasa

Tembung Entar


A
Ø Abang Kupinge _nesu
Ø Abang-abang lambe _mung kanggo lelamisan,ora temenan
Ø Adol bagus(ayu)_ngatonake baguse/ayune
Ø Adol gawe_ngatonake penggaweane
Ø Adol kringet _ nyambut gawe
Ø Adol kawanen_nduduhake kawanen’ne
Ø Adol prungon_golek-golek kabar
Ø Adol sendhe_adol barang menyang gaden
Ø Adol sengung(umuk)_akeh omonge kang ora nyata
Ø Adol eluh_banget anggone nangis
Ø Adus kringet_rekasa banget nyambut gawene
Ø Ala kandhutane_ala watake
Ø Alus tembunge_tembunge kapenak dirungokne
Ø Amba jangkahe_akeh iktiyare
Ø Asor budine_bebudine ora apik
Ø Ati dhondhong_atine ala
Ø Ati kethul_ora bisa mikir
Ø Atine pingget_atine lara/serik
 
B
Ø mBalang kirik_ nglirik
Ø Bening atine_sumeh
Ø mBukak wadi_ngandhakake wadhi
Ø mBuwang tilas_nutupi tumindake ala
Ø Bau tengen_wong kang bisa diendelake
 
C
Ø Cagak elek_sing dianggo sarana betah melek
Ø Cangkem gatel_seneng ngrasani
Ø Cedhak umure_gelis mati
Ø Cepak rejekine_gampang golek pangan
Ø Cilik atine_gampang nesu
Ø Cupet atine_ora bisa nggayuh prakara kang utama
Ø Cupet nalare_ora bisa mikir warna-warna
Ø Cupet pengandel_ora pracaya
 
D
Ø Dawa tangane_seneng njejupuk barange liyan
Ø Dawa ususe_sabar banget
Ø nDedher kautaman_golek kautaman
Ø Dhuwur atine_gumedhe
Ø Dhuwur pangkate_dadi wong pangkat (sugih)
 
E
Ø Empuk rembuge_rembuge kapenak dirungake
Ø Entek atine_kuwatir banget
Ø Entheng tangan_seneng tandang gawe/seneng milara
 
G
Ø Nggadho ati_gawe susahe ati
Ø Gantung kepuh_nyandhang ora tahu ganti
Ø Gantung untu_selak kepingin mangan
Ø Gedhe atine_ora kuwatiran,tatag,kendhel
Ø Gedhe endhase_sombong
Ø Gedhe tekade_ora gelem mundur
Ø nGgedhekake puluk_ora ono prihatine,nengenake mangan
Ø nGgegem tangan_emoh tumandang gawe,kesed
Ø Gilig rembuge_tansah disarujuki,dicocoki
Ø nGgilud kawruh_ngudi kawruh kanthi mempeng
Ø Golek ayu_ngudi supoyo urip slamet
 
I
Ø Idu geni_omonge tansah kelakon
Ø Ilang klilipe_ilang mungsuhe
 
J
Ø Jembar dhadhane_sabar banget,sugih pangapuro
Ø Jembar kawruhe_akeh ilmune
Ø Jembar kubure_mlebu swarga
Ø Jembar polatane_pinter
Ø Jembar segarane_gampang pangapura
 
K
Ø Kakehan tangan_kakehan sing tandhang gawe
Ø Kaku atine_tansah ora sarujuk
Ø Kandhel kupinge_ora nggugu pitutur
Ø Kasar tembunge_tembunge sarwa saru
Ø Katon dhadhane_wani adu arep
Ø Kegugah atine_eling,sadar
Ø Kelepetan_katut ala
Ø Kembang lambe_tansah diucapake
Ø Kembang pati_lantarane pati
Ø Kena tinenga-tenga_kena disambati
Ø Kenceng karepe_kekarepe ora bias owah
Ø Kulak warta_golek warta
 
L
Ø Lambe ati_watak
Ø Landhep pikire_pinter banget,gampang mengerti
Ø Lara ati_serik
Ø Lara ayu_cacaren
Ø Lara owah_gendheng,edan
Ø Lobok atine_sabar
Ø Lumah tangan_ora gelem cawe-cawe
Ø Lunyu ilate_gunemane mlenca-mlence
Ø Lurus atine_jujur
 
M
Ø Manis eseme_eseme ngresepake ati
Ø Mara tangan_seneng milara
Ø Mata dhuwiten_tamak marang duwit,petungan banget
Ø Mata loro_kabeh prakara diantepi
Ø Mateni pangane_gawe ilang panguripane
Ø Mateng rembuge_rembuge wis dimupakati
Ø Mateng kawruhe_kawruhe wis tutug
Ø Mati ilate_wis ora duwe rasa
Ø Mati raga_tapa,prihatin,tirakat
Ø Medhot dalan_ora diterusake
Ø Meres pikir_mempeng ngetog pikiran
Ø Metani lupute_nggoleki lupute
Ø Mogel ilate_mangan sing sarwa enak
Ø Mogol sinaune_mandheg anggone sinau
Ø Murang tata_ora nganggo tata
 
N
Ø Nandur kabecikan_gawe kabecikan
Ø Ngabangake kuping_gawe nesu,muring
Ø Ngadu wuleding kulit_ngadu kakuwatan
Ø Ngangsu kawruh_golek kawruh
Ø Ngatonake siunge_nduduhake kewanenane
Ø Ngatonake dhadhane_umuk
Ø Ngekep dhengkul_nganggur
Ø Ngendhaleni hawa napsu_nyegah kekarepan ala
Ø Ngenaki ati_gawe senenge ati
Ø Ngepuh kringet_tandang gawe mempeng banget
Ø Ngetog karosan_nyrempeng banget
Ø Ngemut driji_ora oleh apa-apa
Ø Ngobong atine_ngetokake nepsune
Ø Nyolok mata_njarag sing ora patut
 
O
Ø Oleh ati_tanpa katresnan,disenengi
Ø Ora ndhalan_ora ngerti tatakrama
Ø Ora duwe ati_kuwatir banget
Ø Ora merem_mengerti
 
P
Ø Padhang hawa_lair ing donya
Ø Padhang jagade_katon tentrem
Ø Padhang langite_katon seneng
Ø Padhang pikire_seneng
Ø Padhang ulate_sumeh
Ø Pait getir_warna-warna kasusahan,karibedan
Ø Pait lelakone_ora kepenak lelakone
Ø Panas atine_nesu
Ø Papan kekiwa_panggonan kang ora adhakan
Ø Pecah pamore_wis wiwit dewasa
Ø Pedhes tembunge_tembunge gawe serik
Ø Perih atine_sedih
Ø Peteng atine_susah
Ø Pingget atine_serik
Ø Pulih getih_puk,ora kalah ora menang
Ø Puput yuswa_seda,mati
 
R
Ø (ng)rabekake sikut_senggolan sikut
Ø Rai gedheg_ora duwe isin
Ø (ng)rengga praja_njaga awak
Ø Runtuh atine_duwe welasan
Ø Rupak atine(segarane)_ora gampang ngapura
Ø Rupak Jagate_judheg,ketekan pasaban
 
S
Ø Sabuk galeng_sugih sawah
Ø Sepi kawruh_ora duwe ilmu
Ø Seret rejekine_ora gangsar golek rejeki
Ø Sesek dhadhane_anyel
Ø Sumpeg atine_susah
 
T
Ø Tanpa tilas_ora ana oleh
Ø Tatu atine_serik
Ø (ke)tengen_sing dikasihi
Ø Tipis lambene_seneng nggunem wong,criwis
Ø Thukul turunane_duwe turunan
 
U
Ø Udan tangis_akeh sing padha nangis
Ø Utang pati_gawe patine liyan
 
W
Ø Walang ati_kuwatir,sumelang
Ø Wedi getih_jirih,wedhen
Weteng kadut_ora tampikan,sak piro-piro wae gelem